Ing jaman biyen ana kerajaan sing jenenge kerajaan
Jenggala. Kang dipimpin karo raja sing asmane Raden Putra. Raden Putra nggadah
permaisuri kang apik, bersih atine, lan elok. Raden Putra nggadah malih selir
kang ala lan nduweni watak iri marang permaisuri raja. Raden Putra lan kale
permaisurine urip ing istana kang ageng, megah lan sari. Ing sawijining dina
selir nggadah ide kang ala kangge permaisuri raja amarga selir pinging dados
permaisuri kang asli.
(Latar 1 : Kerajaan)
Selir
sekongkol kaliyan tabib istana kanggo ngelancarake rencana iku mau.
SELIR :
“Tabib, nyoh”
TABIB :
“Inggih Selir, wonten punapa ?”
SELIR
: “Aku arep
apen-apen lara menyang baginda Raden Putra lan kabeh anggota
kerajaan, kowe kudu ngewangi aku.”
Tabib
kang butuh duwit langsung setuju marang niku.
TABIB :
“Inggih kula purun, selir.”
(Latar 2 : Ing njeroning Istana)
Selir
mlampah ing ngajenge baginda raja lan apen-apen nggeblak.
RADEN PUTRA :
“Selir ! apa selir apik-apik wae ?”
SELIR :
“Baginda kula ngerasa mboten sae.”
RADEN PUTRA :
“Amarga ngono aku ngutus tabib istana gawe meriksa kedaanmu.”
Patih
istana dateng marang Raden Putra
RADEN PUTRA
: “Tolong celukna tabib istana”
PATIH :”Inggih Raden Putra”
Patih
istana langsung budhal kanggo mangsuli tabib istana lan mboten sue patih bali
kaliyan tabib istana.
(Latar 3: Kamar Selir)
Raden
Putra nggawa tabib menyang kamar selir. Tapi, patih diutus Raden Putra
ngerantos ing pangajeng kamar selir.
Mantun
meriksa selir, tabib mangsuli keadaan selir marang Raden Putra
TABBIB :
”Selir kena racun ing nedhane, baginda.”
SELIR :
“Wau enjing putri permaisuri menehi kula sacangkir teh”
Mirengake
panjelasane selir, baginda raja muoro murka lan langsung ngutus patih damel
mbuang permaisuri ing hutan lan mateni permaisuri sisan.
RADEN
PUTRA : “Patih, gawaen permaisuri
menyang hutan lan pateni sisan.Permaisuri
pantes mati”
PATIH : “Kula langsung ngelakasanaaken
perintah Raden Putra sae-sae.”
(Latar 4 : Hutan Belantara)
Patih
langsung nggawa permaisuri sing tasih mbobot iku menyang hutan belantara. Tapi,
patih kang bijak kasebut mboten purun mateni permaisuri lan ketok’e patih mau
sampun ngertos niat ala selir.
PATIH
: “Putri ora usah
khawatir, kula engken mau lapor menyang aginda raja yen putri sampun kula
pateni”
PERMAISURI : “Matur nuwun patih, kula bener
nggak ngelakoni hal ngonten iku. Gawe napa kula ngelakoni hal ala ngonten.”
PATIH
: “Inggih, kula
ngertos niku sedaya niki cuma pikiran lan kelakuan ala selir, kula bali malih
putri.”
PERMAISURI :
“Iya monggo”
(Latar 5 : Ing Hutan)
Sampun
pinten pinten wulan wonten hutan, permaisuri ngelairake anak jaler. Anak iku
diwenehi jeneng Cindhelaras. Condhelaras gede dador anak kang cerdas lan
rupawan. Saka cilik Cindhelaras sampun dolan lan koncoan kaliyan kewan sing ana
ing hutan.
Ing
sawijining dina, ing wayah Cindhelaras enak dolan nemuake rajawali ngelugurake
siji endhog pitik marang Cindhelaras lan endhong mau langsung diretima karo
Cindhelaras.
CINDHELARAS
: “Matur nuwun rajawali.”
(Latar 6 : Ing gubug)
Cindhelaras
mundhut endhog mau damel maksud Cindhelaras pingin netesake endhog mau.
Sakmarine 3 minggu, endhog mau netes dadi pitik kang lucu. Cindhelaras ngingoni
anak pitik nganggo ati iklas lan rajin. Lan anak pitik iku gendhe dados pitik
jago sing gagah lan kuat. Tapi, jago Cindhelaras nduweni keanehan kluruk, jago
Cindhelaras bedo karo muni kluruk jago liyane.
JAGO :
“kuuukuruyuuuk........ tuanku Cindhelaras, omahe ing tengah alas, gentenge
godhong klaras, ramane Raden Putra.....”
Cindhelaras
kaget ngerungoake kluruk jago iku mau lan Cindhelaras moro ngekei ngerti marang
ibune. Lan ibu Cindhelaras nyeritaake asale lapo Cindhelaras lan ibune bisa
urip ing alas.
PERMAISURI : “Sebenere ibu iku permaisuri
ing kerajaan Jenggala kang dipimpin kaliyan Raden Putra lan ing wayah ibu
mbobot kowe, ibu digawa ing hutan damel kaperluan dipateni amarga dituduh
njajal ngeracuni selir. Tapi patih ora mateni ibu lan ngelaporake yen iku kabeh
pikiran lan kelakon ala selir dewe.”
CINDHELARAS :
“Dados kula niki rayinipun baginda Raden Putra ?’
PERMAISURI
: “Iya”
CINDHELARAS
: “Ibu paringi kula restu damel ketemu kaliyan ayahanda lan
njelasaken
sedaya kelakoan selir marang ibu.”
PERMAISURI :
“Budhalo anakku, Cindhelaras. Muga0muga kowe dilindungi karo
kang
Maha Kuasa, Ibu pasti ndugo gawe kowe”
(Latar 7 : Ing Desa)
Mantun
diparingi ijin marang ibunda, Cindhelaras langsung mangkat menyang istana kang
dikancani kaliyan jagone Cindhelaras. Pas wayah iang oerjalanan wonten
gerombolan tiyang kang lagi tarung jago. Cindhelaran langsung diwangsuli
kaliyan si petarung jago.
RAKYAT :
“Ayo yen kowe wani aduen jagomu karo jagoku”
CINDHELARAS
: “Inggih, kula wantun”
Wayan
didu wujude jagone Cindhelaras tarung perkasa lan ing wektu sing cepet, jagone
bisa ngalahno musuhe.mantun bola-bali didu, jagone Cindhelaras ora bisa
dikalahake lan saben mari tarung jagone Cindhelaras kluruk lan ngomong kaya
biasane.
(Latar 8 : Ing Istana)
Berita
kesaktiane jagone Cindhelaras nyebar pesat nganti istana. Raden Putra akhire
mirengake berita iku lan Raden Putra ngutus hulubalange kanggo ngundang
Cindhelaras menyang istana.
CINDHELARAS : “Hamba ngadep paduka”
‘Bocah
iki rupawan lan cerdas, ketoke bocak iki ora kaya keturunane rakyat ala’ pikir
baginda
RADEN
PUTRA : “Aku mari ngerungokna
kabar berita kang kowe nduweni jago sing
ora tau kalah. Aku pingin ngajak jagomu tarung karo jagoku.”
CINDHELARAS
: “Hamba purun ngadu jago hamba tapi kaliyan setunggal syarat”
RADEN PUTRA
: “Opo wae aku pasti menuhi. Omongna apa iku “
CINDHELARAS
: “Yen jago kula kalah, kula
purun di hukum pancung. Tapi yen jago kula menang, kula pinging separuh kekayaane
baginda diparengaken lan dados gadangan kula.”
RADEN PUTRA :
“Amarga aku wes janji, dadi aku setuju”
(LATAR 9 : Halaman istana)
Sepasang
pitik iku tarung gagah lan wani. Tapi ing wektu singkat, jago Cindhelaras
berhasil nggawe takluk jagone raja. Para rakyat lan penonton pada sorak
mbanggakake Cindhelaras lan jagone.
RADEN PUTRA :
“ya aku ngaku kalah. Aku gelem nepati janjiku. Tapi sopo kowe
sakbenere,
bocah ?”
Cindhelaras
langsung mbungkuk kaya mbisikna opo ae marang jagone. Ora suwe jagone
Cindhelaras langsung kluruk .
JAGO
:
“kuuukuruyuuuk........ tuanku Cindhelaras, omahe ing tengah alas, gentenge
godhong klaras, ramane Raden Putra.....”
RADEN PUTRA
: “Apa iku bener ?”
CINDHELARAS
: “Inggih bener baginda. Asma
kula Cindhelaras, ibu hamba niku permaisuri baginda.”
Barengan
kaliyan iku patih langsung ngadep lan nyeritaake sedaya kejadian kang sebenere
wes kejaden karo permaisuri.
RADEN
PUTRA : “Aku wis ngelakoni
kesalahan. Aku arep menehi hukuman sing satimpal marang selirku.”
Mantun
niku Selir Raden Raden Putra di gawa ing alas. Raden Putra langsung meluk
rayine lan njaluk sepura marang sedaya kesalahane mantun niku, Raden Putra lan
hulubalange langsung nyusul permaisuri ing alas. Akhire Raden Putra, Permaisuri
lan Cindhelaras saget kumpul malih. Mantun Raden Putra seda, Cindhelaras
ngganteaku kedudukane ayahandane. Cindhelaras merintah negerine adil lan
bijaksana.