Rabu, 05 Februari 2014

Cindhelaras

               Ing jaman biyen ana kerajaan sing jenenge kerajaan Jenggala. Kang dipimpin karo raja sing asmane Raden Putra. Raden Putra nggadah permaisuri kang apik, bersih atine, lan elok. Raden Putra nggadah malih selir kang ala lan nduweni watak iri marang permaisuri raja. Raden Putra lan kale permaisurine urip ing istana kang ageng, megah lan sari. Ing sawijining dina selir nggadah ide kang ala kangge permaisuri raja amarga selir pinging dados permaisuri kang asli.

(Latar 1 : Kerajaan)

            Selir sekongkol kaliyan tabib istana kanggo ngelancarake rencana iku mau.
SELIR                          : “Tabib, nyoh”
TABIB                          : “Inggih Selir, wonten punapa ?”
SELIR                          : “Aku arep apen-apen lara menyang baginda Raden Putra lan   kabeh anggota  kerajaan, kowe kudu ngewangi aku.”

            Tabib kang butuh duwit langsung setuju marang niku.

TABIB                          : “Inggih kula purun, selir.”

(Latar 2 : Ing njeroning Istana)

            Selir mlampah ing ngajenge baginda raja lan apen-apen nggeblak.

RADEN PUTRA          : “Selir ! apa selir apik-apik wae ?”
SELIR                          : “Baginda kula ngerasa mboten sae.”
RADEN PUTRA          : “Amarga ngono aku ngutus tabib istana gawe meriksa kedaanmu.”

            Patih istana dateng marang Raden Putra

RADEN PUTRA          : “Tolong celukna tabib istana”
PATIH                          :”Inggih Raden Putra”

            Patih istana langsung budhal kanggo mangsuli tabib istana lan mboten sue patih bali kaliyan tabib istana.

(Latar 3: Kamar Selir)

            Raden Putra nggawa tabib menyang kamar selir. Tapi, patih diutus Raden Putra ngerantos ing pangajeng kamar selir.
            Mantun meriksa selir, tabib mangsuli keadaan selir marang Raden Putra

TABBIB                        : ”Selir kena racun ing nedhane, baginda.”
SELIR                          : “Wau enjing putri permaisuri menehi kula sacangkir teh”

            Mirengake panjelasane selir, baginda raja muoro murka lan langsung ngutus patih damel mbuang permaisuri ing hutan lan mateni permaisuri sisan.

RADEN PUTRA          : “Patih, gawaen permaisuri menyang hutan lan pateni sisan.Permaisuri pantes mati”
PATIH                          : “Kula langsung ngelakasanaaken perintah Raden Putra sae-sae.”

(Latar 4 : Hutan Belantara)

            Patih langsung nggawa permaisuri sing tasih mbobot iku menyang hutan belantara. Tapi, patih kang bijak kasebut mboten purun mateni permaisuri lan ketok’e patih mau sampun ngertos niat ala selir.

PATIH                          : “Putri ora usah khawatir, kula engken mau lapor menyang aginda raja yen putri sampun kula pateni”
PERMAISURI              : “Matur nuwun patih, kula bener nggak ngelakoni hal ngonten iku. Gawe napa kula ngelakoni hal ala ngonten.”
PATIH                          : “Inggih, kula ngertos niku sedaya niki cuma pikiran lan kelakuan ala selir, kula bali malih putri.”
PERMAISURI              : “Iya monggo”

(Latar 5 : Ing Hutan)

            Sampun pinten pinten wulan wonten hutan, permaisuri ngelairake anak jaler. Anak iku diwenehi jeneng Cindhelaras. Condhelaras gede dador anak kang cerdas lan rupawan. Saka cilik Cindhelaras sampun dolan lan koncoan kaliyan kewan sing ana ing hutan.

            Ing sawijining dina, ing wayah Cindhelaras enak dolan nemuake rajawali ngelugurake siji endhog pitik marang Cindhelaras lan endhong mau langsung diretima karo Cindhelaras.

CINDHELARAS          : “Matur nuwun rajawali.”

(Latar 6 : Ing gubug)

            Cindhelaras mundhut endhog mau damel maksud Cindhelaras pingin netesake endhog mau. Sakmarine 3 minggu, endhog mau netes dadi pitik kang lucu. Cindhelaras ngingoni anak pitik nganggo ati iklas lan rajin. Lan anak pitik iku gendhe dados pitik jago sing gagah lan kuat. Tapi, jago Cindhelaras nduweni keanehan kluruk, jago Cindhelaras bedo karo muni kluruk jago liyane.

JAGO                          : “kuuukuruyuuuk........ tuanku Cindhelaras, omahe ing tengah alas, gentenge godhong klaras, ramane Raden Putra.....”

            Cindhelaras kaget ngerungoake kluruk jago iku mau lan Cindhelaras moro ngekei ngerti marang ibune. Lan ibu Cindhelaras nyeritaake asale lapo Cindhelaras lan ibune bisa urip ing alas.

PERMAISURI              : “Sebenere ibu iku permaisuri ing kerajaan Jenggala kang dipimpin kaliyan Raden Putra lan ing wayah ibu mbobot kowe, ibu digawa ing hutan damel kaperluan dipateni amarga dituduh njajal ngeracuni selir. Tapi patih ora mateni ibu lan ngelaporake yen iku kabeh pikiran lan kelakon ala selir dewe.”
CINDHELARAS          : “Dados kula niki rayinipun baginda Raden Putra ?’
PERMAISURI              : “Iya”
CINDHELARAS          : “Ibu paringi kula restu damel ketemu kaliyan ayahanda lan
                                    njelasaken  sedaya kelakoan selir marang ibu.”
PERMAISURI              : “Budhalo anakku, Cindhelaras. Muga0muga kowe dilindungi karo
                                    kang Maha Kuasa, Ibu pasti ndugo gawe kowe”

(Latar 7 : Ing Desa)

            Mantun diparingi ijin marang ibunda, Cindhelaras langsung mangkat menyang istana kang dikancani kaliyan jagone Cindhelaras. Pas wayah iang oerjalanan wonten gerombolan tiyang kang lagi tarung jago. Cindhelaran langsung diwangsuli kaliyan si petarung jago.

RAKYAT                      : “Ayo yen kowe wani aduen jagomu karo jagoku”
CINDHELARAS          : “Inggih, kula wantun”

            Wayan didu wujude jagone Cindhelaras tarung perkasa lan ing wektu sing cepet, jagone bisa ngalahno musuhe.mantun bola-bali didu, jagone Cindhelaras ora bisa dikalahake lan saben mari tarung jagone Cindhelaras kluruk lan ngomong kaya biasane.

(Latar 8 : Ing Istana)

            Berita kesaktiane jagone Cindhelaras nyebar pesat nganti istana. Raden Putra akhire mirengake berita iku lan Raden Putra ngutus hulubalange kanggo ngundang Cindhelaras menyang istana.

CINDHELARAS : “Hamba ngadep paduka”

            ‘Bocah iki rupawan lan cerdas, ketoke bocak iki ora kaya keturunane rakyat ala’ pikir baginda

RADEN PUTRA          : “Aku mari ngerungokna kabar berita kang kowe nduweni jago sing
ora tau kalah. Aku pingin ngajak jagomu tarung karo jagoku.”
CINDHELARAS          : “Hamba purun ngadu jago hamba tapi kaliyan setunggal syarat”
RADEN PUTRA          : “Opo wae aku pasti menuhi. Omongna apa iku “
CINDHELARAS          : “Yen jago kula kalah, kula purun di hukum pancung. Tapi yen jago kula menang, kula pinging separuh kekayaane baginda diparengaken lan dados gadangan kula.”
RADEN PUTRA          : “Amarga aku wes janji, dadi aku setuju”

(LATAR 9 : Halaman istana)

            Sepasang pitik iku tarung gagah lan wani. Tapi ing wektu singkat, jago Cindhelaras berhasil nggawe takluk jagone raja. Para rakyat lan penonton pada sorak mbanggakake Cindhelaras lan jagone.

RADEN PUTRA          : “ya aku ngaku kalah. Aku gelem nepati janjiku. Tapi sopo kowe
                                    sakbenere, bocah ?”

            Cindhelaras langsung mbungkuk kaya mbisikna opo ae marang jagone. Ora suwe jagone Cindhelaras langsung kluruk .

JAGO                          : “kuuukuruyuuuk........ tuanku Cindhelaras, omahe ing tengah alas, gentenge godhong klaras, ramane Raden Putra.....”
RADEN PUTRA          : “Apa iku bener ?”
CINDHELARAS          : “Inggih bener baginda. Asma kula Cindhelaras, ibu hamba niku permaisuri baginda.”

            Barengan kaliyan iku patih langsung ngadep lan nyeritaake sedaya kejadian kang sebenere wes kejaden  karo permaisuri.

RADEN PUTRA          : “Aku wis ngelakoni kesalahan. Aku arep menehi hukuman sing satimpal marang selirku.”

            Mantun niku Selir Raden Raden Putra di gawa ing alas. Raden Putra langsung meluk rayine lan njaluk sepura marang sedaya kesalahane mantun niku, Raden Putra lan hulubalange langsung nyusul permaisuri ing alas. Akhire Raden Putra, Permaisuri lan Cindhelaras saget kumpul malih. Mantun Raden Putra seda, Cindhelaras ngganteaku kedudukane ayahandane. Cindhelaras merintah negerine adil lan bijaksana.
           



Tidak ada komentar:

Posting Komentar